Senin, 08 Desember 2014

BALADA RARA MENDHUT

Balada Jaka Tuwa

Katebang-katebang saka brang wetan
Mencorong cahyane kaya lintang panjer sore
Nggawa esem nunjem neng gisiking ati
 kang lagi ketaman branta
wulanjar angrerujit jejantung
katon gawang-gawang kumlebat ing
awang-awang wor suh lan lintang-lintang wis pitung ketiga
ngantu-ngantu tekane si randha ayu
ana ngendi tresnamu?
            Angin midid kang nggawa tresnane si jaka tuwa
            Apa ora teka?
            Apa ora mara sanja?
            Mbok menawa isih mampir warung pinggir lurung
Ngombe nganti pitung jembung
Kedlarung-dlarung kecanthol eseme jodhog warung
Apa ora kesandhung?
Dhek samana…
Tumenggung wiraguna
Kepengin ngekep udud
Tilase si rara mendhut
Pranacitra kedadak teka nggawa tresna
Rara mendhut kagiwang, wiraguna kabuncang ilang
Ngenam asmara lawan ganthilaning sukma

   Tan kocapa….
Tumenggung wiraguna duka jaja bang
Mawinga-winga
Pranacitra kaprawasa
Rara mendhut bela suduk slira


Tidak ada komentar:

Posting Komentar