Minggu, 11 Januari 2015

Jenis Wayang

Wayang Gedhog utawi Wayang Panji

Wayang gedhog utawa wayang panji yaiku wayang ingkang ngagem cariyos saking serat panji. Wayang iki sampun wonten wiwit kerajaan Majapahit. Wujud wayang gedhog mboten benten saking wayang purwa.
Tokoh kesatria ingkang wonten ing wayang gedhog saben-saben ngagem tekes lan rapekan menawi tokoh raja ngagem garuda mungkur lan gelung keeling. Ing cerita panji boten wonten raksasa lan kera, kangge gantose wonten Prabu Klana saking Makasar ingkang gadhah tentara tiyang bugis.
Wayang gedhog diciptaaken dening Sunan Giri, taun 1485 (gaman naga kinaryeng bhatara) nalika makili raja Demak ingkang saweg nglakokake serbuan marang Jatim.
Ing pagelarane wayang gedhog ngagem gamelan laras pelog lan ngagem punakawan bancak lan doyok kangge tokoh panji tuwa. Ing wayang gedhog sering wonten wujud ingkang aneh kaya dene gunungan sekaten, siter, paying ingkang terkembang, perahu lan sanesipun.
Wayang iki boten dikenal ing masyarakat umum amargi ing jaman biyen namung dipentasaken wonten ing kalangan keraton mawon. Saiki sampun boten dikenal malih amargi sampun jarang pagelaran wayang gedhog. Malah sampun boten wonten pementasane amarga sampun boten wonten dalang ingkang nguwasani teknik pakelir ipun ingkang satemene.
Cariyos ingkang wonten ing wayang gedhog mundhut saking cerita panji. Diwiwiti saking tahtanipun Prabu Jayalengkara ing Kediri sarta ing tokoh-tokoh kesatria Kediri, Daha Ngurawan lan Singasari.
Bentenipun kaliyan wayang purwa menawi dipun priksani saking teknis pendalanganipun yaiku menawi wayang gedog langkung rumit dibandingaken kaliyan wayang purwa, dalang wayang gedog kedah nguwasani gending-gending kangge iringan pementasan wayang.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar