Minggu, 11 Januari 2015

Geguritan


Geguritan Bahasa jawa

UDAN WAYAH SORE


Udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
Ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
Dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
            Sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
            Lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
            Tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
            Tak kanthi lakumu tumeka ngendi
Mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
Marakake gawe kekesing ati
Manuk kepodang wus mabur mangulon
Nanging tetep tak tunggu tekamu



DALAN OMBAK

Wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu
Lan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukku
Kaya prenjak kang katombak swiwine, ilang unine
Kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar
            Sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan
            Ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon
            Lan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirna
            Tatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina


SEDYAKU



Wis, Jeng…
Aku sumeleh
Nyelehake pangarep-arepku
Marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
Yen nyatane amung semene
Cunthele lelakonku…
            Pepenginku tansah sumandhing
            Lan nresnani sliramu
            Kudu dakprunggel
            Sing luwih wigati, Jeng
            Donga lan pengestumu wae
            Tansah mili kanggo aku
Wis, Jeng
Aku pamit
Becik njembarake pikir
Nggayuh kabegjan
Mring ati lan katresnan satuhu
Tan ora binagi ing liyan
Sempurna ing guritan siji…




LINTANG-LINTANG

Lintang-lintang abyor ing tawang
Cumlorot sliweran nalika alihan
Kumleyang mencok ing socamu asihku
Cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
Ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

            Lintang-lintang alihan
            Cumlorot telu ana pundhakku
            Kawitan lintang abang lintang perang
            Kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
            Pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan


WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU 
Rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
Saklawase ora nate ketemu
Saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
Gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk
            Wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
            Wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
            Ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
            Ana cerita rinajut endah
Dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
Pirsanana ana nduwur kae
Ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
Lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene
            Saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
            Simpenen kangenmu ana impen



RON GARING

Wengi sansaya atis
Nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
Kang digawa dening angin

Prasasat tan kendhat
Anggonku kulak warta adol prungu
Ananging isih mamring
            Aku wis pingin cecaketan
            Obormu kang makantar-kantar
            Madhangi jangkah lan jagatku
Ana ngendi papanmu
Lelana tapa brata
Tanpa pawarta tanpa swara
            Aku kadya ron garing
            Kumleyang kabur kanginan
            Ing jagat peteng lelimengan
Krasa luwih abot
Anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
Mlakuku ora mantep
            Kagubet ribet lan ruwet
            Adoh saka cahyamu
            Pedhut ing sakindering pandulu
Panjenengan
Guruku, sihku, oborku
Kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati


PETENGING WENGI

Sumribit angin ngelus langit sore
Manuk sriti bali ing pucuking cemara
Nganti tekaning wengi sing nyenyet
Gawang-gawang katon pasuryanmu

Gawe tambah kekesing angin sore
Tumlawung rasa kang ngulandara
Wengi bakal tumeka maneh
Bareng karo wewayanganmu
Kang bakal ngebaki impen petenging wengi
            Lumaku turut petenging lurung
            Bakal gawang-gawang campur mega-mega
            Apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi?

PEPADANG BAKAL TUMEKA

Angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
Mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
Bumi kang kapidak kebak sinengker
Anggawa ganda bacin
Manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
Peteng kang gemuleng ing angganing manungsa
            Wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
            Pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
            Kanggo kita sami jalma manungsa
            Kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
            Amadhangi sakendhenging jagat raya
            Mara gage kita sami tumenga ing angkasa
            Mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
            Kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
            Mangestu nampi pepadhang …..

KEKUDANGANKU

O, ngger sang ponang jabang bayi
Bebarengan tangismu kang kejer sumusup ing wengi
Sira wus lahir kanthi slamet
Nyawang gumelaring jagat raya
            Yen sira nangis tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir wengi
            Kapurih sira bisa turu kanthi tentrem
            Yen sira mesem tak kudang tak liling
O, ngger sang ponang jabang bayi
Tak gadang dadiya wong kang luhur bebudenmu ing tembe ***

KAPANG

Menawa rasa matine ati
Mesti jiwa tansah kapang
Umpama ati kapenjara asmara
Apa bisa jiwa ngapusi
Menawa saperangan ati ngantu-antu
Mesti separo liyane ngenteni
Umpamane setengah ati tansah (han)jaga
Bisa ora saperangan liyane nglaleake
Menawa ati tiba sengsara
Mesti jiwa luwih lara
            Pujaning atiku..
            Apa sing bisa tak tindaake
             Aku mung wanita sing kakungkung geni asmara
             Wanita sing atine wis kadusta
    Apa sing dipengine saliyane pengin cepet ketemu kalawan sing ndusta ati
    Sing pada-padane laksana kidung swarga sing ngalun-alun ing karnaku
    Sing nggawe kentir kapal jiwaku ing tengahing samudra rasa sing tan winates





Tidak ada komentar:

Posting Komentar