Kamis, 08 Januari 2015

Cerita Cekak

                                     Tresna Ora Kudu Nduweni

Jam 8 esuk, kaya padatan Joko wis ngetokake motor suprane. Joko siap-siap arep mangkat kerja. Wis puluhan taun suwene anggone Joko dadi petugas KUD desa. Anggone Joko kerja wiwit dheweke nembe lulus sekolah nganti saiki. Joko nduweni gegayuhan kang becik. Dheweke nduwe pangarep-arep supaya bisa sukses anggone dheweke kerja.
Sawise gutul ing kantor KUD, Joko banjur ndelah motore ana ing parkiran. Dheweke banjur mlebu marang kantor. Nanging nalika dheweke nembe mlebu, mripate langsung tumuju marang wong wadon ayu kang lagi nyapu.
”Mangga mas mlebet mawon.”mengkono pituture wong ayu iku,
“Nggih mba, nuwun sewu nggih mba.”
“Oh, nggih mas mboten menapa-menapa.” Mengkono iku pituture wong ayu iku karo mesem ayu.
Joko banjur mlebu kantor. Karo mesem-mesem kelingan wong ayu iku. Nalika jam 12 wayaeh istirahat, sinambi ngrokok Joko isih kelingan eseme wong ayu iku. Pangrasane semrawut nalika kelingan eseme.
Wis dadi padatan saben dina, nalika bubar kerja. Joko mampir maring warung makam sing ana ing protelon. Joko tuku lawuh lan gorengan kanggo keluwargane.
Nalika dina minggu esuk Joko diprentah biyunge marani adhine sing lagi pit-pitan karo kancane. Ana ing prapatan anggone Joko ngepit alon-alon, amarga dheweke sinambi nyawang wong wadon kang lagi nyirami tanduran ing ngarep omahe. Sawise digatekake, jebule iku wong wadon sing ana ing kantor sing lagi nyapu. Joko banjur mandeg ana ing ngarep omahe wong wadon iku.
“Tandurane lemu-lemu nyenengake ngih mba. Menapa panjenengan remen ngrumat tanduran?” Mengkono pitakone Joko marang wong wadon iku.
“Nggih mas, kangge hobi mawon. Panjenengan saking pundi ta?”
“Iku loh, marani adhiku. Adhiku sing siji iku, senenge banter-banteran anggone padha ngepit.”
“Oalah, menika ingkang bolak-balik adhine panjenengan?”
“Nggih mba. Menapa panjenengan manggon ana ing omahe mbah Gino iki mba?”
“Nggih mas.”
“Nanging kok aku nembe weruh panjenengan ya?”
“Kula nembe wae pindah saka Pekalongan, amarga si mbah sampun sepuh mula kula angsal dhawuh saking ibu supados ngrumat si mbah.”
“Oh ngono to. Panjenengan iku putune mbah Gino?”
“Nggih mas.”
“Ngih sampun kula rumiyin ngih mba.”
“Nggih mas, sing ngati-ati.”  
Dinda kang nduweni paras ayu lan eseme sing manis kang gawe adhem ing ati nalika nyawang. Kang gawe kabeh jejaka kepincut marang Dinda. Mula akeh sing tresna marang Dinda.
Nalika dina setu sore Joko mertamu marang omahe mbah Gino amarga Joko arep paring surat saking desa kanggo mbah Gino. Ing kono banjur ketemu karo Dinda. Joko disuguhi sesegeran. Bocah loro mau banjur cerita werna-werna ngrembug babagan kanggo adicara pitulasan. Amarga Joko iku wong sregep mula joko kajibah dadi ketua karang taruna. Joko dipercaya bisa dadi pangayom kanggo pemuda desa. Semana uga Dinda, dheweke pancen wong pindahan nangging dhewe aktif melu kegiatan ning desa.
Warga desa pada semangat anggene nyambut acara pitulasan. Seurunge acarane diwiwiti kabeh warga desa padha resik-resik. Wong lanang padha maculi suket sing rembaka ing ngarep omah-omahe warga. Wong wadon padha ngresiki omah. Mengkono iku aweh pertanda yen wong-wong desa padha ngerti bab karesikan. Sesuke banjur dianakake acara pitulasan. Ing acara pitulasan ana lomba-lomba, kabeh warga padha melu lomba-lomba iku kanthi seneng. Kabeh warga padha melu partisipasi kanggo acara pitulasan iku. Lan ing pungkasane acara ana acara hiburan. Kabeh wong padha jejogedan seneng-seneng. Acarane rame lan kabeh wong padha seneng-seneng. Amarga akehing warga desa sing melu acara pitulasan, mula acara iku bisa katindakake kanthi rame lan meriah. Awit saka acara pitulasan iku Joko lan Dinda dadi akrab. Amarga sakloron iku dadi panitia acara pitulasan.
Sesuke wis kaya padatan saben dina Joko mangkat kerja. Joko lan Dinda saben dina ketemu ing kantor. Saben dina Joko mangkat bareng karo Dinda. Saben dina nalika arep mangkat kerja Joko marani Dinda. Kira-kira jam setengah 8 esuk Joko wis ana ing ngarep omahe mbah Gino. Amarga saben dina ketemu, Joko sang saya ngrasa tresna marang Dinda. Thukul winih-winih tresna kang ngrembaka ing njero atine Joko. Joko ngakoni yen dheweke tresna marang Dinda. Joko duwe niatan arep ngomong marang Dinda babagan rasa tresnane. Nanging ora kaya padatan saben esuk nalika Joko arep marani Dinda. Dina iku Joko lagi kawanen anggone marani Dinda. Nanging biasane nalika Joko urung teka anggone marani Dinda, Dinda mesthi wae wis neng ngarep omah ngenteni Joko. Nanging iki Joko wis celuk-celuk nganti ping telu, Dinda tetep wae ora metu. Malahan mbah gino sing metu saka omah. Banjur joko diundang mbah gino supaya mlebu omah ndisik.
“Eh, kebeneran nak Joko mrene. Ngene mlebu ndisik wae.”
“Kersa paring dhawuh menapa mbah kok nimbali kula?” takon ngono mau karo setengah nglirik mbok menawa si ayu Dinda metu.
“Apa kowe dititipi rembung dening Dinda, nak Joko?”
“Mboten mbah. Dinda mboten cariyos menapa-menapa.”
“Oh ngono to. Mbok-mboken kowe dititipi omong dening Dinda.”
Mbah Gino katon suntrut penggalihe unjal napas landhung. Manthuk-manthuk ning ora nyawang Joko. Atine Joko tansaya ora jenak meruhi sikape mbah Gino.
“Mau esuk jam 5 Dinda pamit bali menyang Pekalongan. Dinda nyepur karo adhine.”
“Lah, wonten menapa mbah. Kok wangsul wonten Pekalongan?”
“Dinda arep palakrama dina Minggu sesuk.” Wangsulane mbah Gino.
Joko kaget. Dhadhane rasane sesek krungu kabar iku. Dinda arep direngkulu kakang ipene dhewe. Sawise krungu kabar iku. Joko banjur pamit mulih marang mbah Gino. Sawise nyalami mbah Gino, Joko pamit mulih karo nggawa ati kang semplah. Pancene wong ayu, ora mung wong liya wae sing tresna nanging ya sedulur melu-melu tresna. “Muga-muga tansah mulya sliramu Dinda. Lan begya salawase.” Mengkono iku batine Joko.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar