Ngumpulake Tugas ing Ruang Guru
Bel istrirahat moni. Bocah-bocah
banjur padha metu saka kelas tumuju marang kantin. Semana uga sing ditindakake
dening Winda lan Rida. Sawise 20 menit suene bocah loro padha jajan ana ing
kantin, bocah loro iku banjur mlebu maring kelas. Karo mlayu anggone mbalik
kelas. Amarga wis ana Bu Endang ing kelase. Karo megap-megap anggone mlebu
kelas.
“Thok thok thok thok assalamualaikum” (suara lawang kang dikethok)
“Waalaikumsalam” wangsulane Bu Endang.
“Nuwun sewu Bu, kula nyuwun pangapunten amargi kula telat anggenipun
mlebet wonten ing kelas” Mengkono iku pituture Winda lan Rida. Awake rada
mbungkuk, tangane ngapu rancang sopan.
“Lah…padha saka ngendi iki?” pitakonane Bu Endang.
“Kula saking kantin Bu, amargi kantin saweg rame sanget dados kula antri
rumiyin anggenipun jajan. Menika ingkang ndadosaken kula telat Bu.” Mengkono
iku pituture bocah loro mau.
“Oh ngana ta. Ya wis nganah ndang padha lungguh.”
“Inggih Bu, matur nuwun, Sepisan malih kula nyuwun pangapunten amargi
kula sampun telat anggenipun mlebet kelas Bu.”
“Ya ya, ora apa-apa. Nanging aja diulangi maning ya!”
“Inggih Bu, matur nuwun.” (Bocah loro mau banjur lungguh)
Bocah loro mau
banjur lungguh. Lan banjur nggatekake pelajaran Basa Jawa sing di wulang dening
Bu Endang.
Amarga Bu Endang ana kepentingan rapat ing Kabupaten,
mula anggene mulang Basa Jawa ora bisa nganti rampung jam pelajaran. Namung
saged mlebet 30 menit mawon. Para siswa diparingi tugas saking Bu Endang yaiku
supaya nulis aksara jawa ana ing kertas banjur dikumpulake.
“Winda, mengko tulung tugase dikumpulna ing mejane Bu Endang nggih!” Mengkono
iku pituture Bu Endang marang Winda.
“Inggih Bu mangke kula kempalaken” wangsulane Winda alus marang Bu
Endang.
“Ya wis tak tinggal ya, aja padha
rame lan aja kelalen tugase digarap!” pituture Bu Endang marang para siswa.
“Inggih Bu.”
Sawise
tugase rampung digarap, banjur tugase dikumpulake marang Winda. Winda banjur
ngumpulake marang mejane Bu Endang.
“Assalamualaikum.” (sinambi ngethok lawang). Mengkono iku pituture Winda
saurunge mlebu marang kantor.
“Waalaikumsalam.” Ana apa mba? Pitakone Bu Ani guru matematika, sing ana
ing kantor guru iku.
“Menika Bu, kula badhe nyuwun pirsa?” wangsulane Winda sopan. Tangane
ngapu rancang, awake rada mbungkuk, pituture alus.
“Takon apa ta nduk?”
“Menika mejanipun Bu Endang wonten ing sebelah pundi Bu? amargi kula
mboten mangertos.” Pitakone Winda marang Bu Ani.
“Oh iku loh. Sing ana tumpukan buku abange.”
“Menapa ingkang wonten ngajeng mejanipun Pak Bagyo menika Bu? Pitakone
Winda alus.
“Eh salah, udu iku mba. Menawi sing iku mejane Bu Atik dudu mejane Bu
Endang. Mejane Bu Endang sing ana tumpukan buku abange iku loh, sing ana ing
jejer jendela.”
“Oh inggih Bu, kula sampun mangertos. Matur nuwun sanget nggih Bu.”
“Ya mba. Lah koe iki meh ngapa ta? Goleti mejane Bu Endang?” Pitakone Bu
Ani.
“Menika Bu, kula badhe ngempalaken tugasipun Bu Endang.” Wangsulane
Winda.
“Oh ngana ta, ya didelah nang kono wae banjur ditata sing rajin mba!”
“Inggih Bu, matur nuwun sanget nggih Bu. Mangga Bu kula rumiyin.” Wangsulane
Winda alus, banjur tumuju marang mejane Bu Endang.
“Iya mba.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar