Minggu, 07 Desember 2014

SESORAH

Pidato Sambutan
Tema: Peringatan Hari Kemerdekaan

Assalamu'alaikum wr.wb

Bapak Kepala Desa Tunas Bangsa ingkang satuhu kinurmatan, Ketua Panitia Pengetan Dinten Kamardikan ingkang kinurmatan ugi, lan mboten kesupen para kanca-kanca Karang Taruna Tunas Bangsa ingkang tansah kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga sesarengan nedahaken raos syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwasa. Awit mekaten,  kula lan panjenengan sedaya saged makempal lan pinanggih wonten ing adicara "Pengetan Dinten Kamardikan ingkang kaping 69."
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Kula minangka Ketua Karang Taruna Tunas Bangsa ngaturaken agunging panuwun dhumateng para rawuh sedaya ingkang sampun kersa rawuh wonten ing adicara menika.
Salajengipun kula ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Desa Tunas Bangsa ingkang sampun paring idin kangge ngawontenaken adicara menika. Mboten kesupen kula ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng sedaya panitia lan kanca-kanca amarga sampun paring pambiyantu awujud menapa kemawon, ingkang sedaya kala wau andadosaken gancaring adicara menika.
Para rawuh ingkang satuhu luhuring budi,
Minangka sesulihipun karang taruna, kula nyuwun agunging samodra pangaksami mbok bilih anggenipun ngawontenaken adicara menika kathah kekiranganipun, kiranging suba sita, kiranging pasugatan, saha kiranging palenggahan, sepisan malih kula nyuwun agunging pangaksami.
Para rawuh ingkang kinurmatan
Mugi-mugi kanthi adicara Pengetan Dinten Kamardikan RI menika saged nuwuhaken raos enget dhumateng lelabetanipun para pahlawan ingkang sampun gugur dados kusumaning bangsa.
Salajengipun dhumateng para pemudha mugiya saged nerasaken gegayuhanipun para pahlawan kanthi ngisi kamardikan menika mawi tumindhak migunani tumraping nusa, bangsa, nagari, lan agami.
Wasana cekap semanten aturkula, mbok bilih wonten kalepatanipun kula nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamu'alaikum wr.wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar