Kamis, 27 November 2014

GEGURITAN

Balada Rara Mendhut

Rara mendut iki sapa?
Jenenge banget ngayawara
Sajak gawe kepincut kabeh jejaka
Sajak gawe kepincut tumenggung Wiraguna
           
Angin midid kang nggawa tresnane tumenggung Wiraguna
Kang tansah kepincut eseme wong ayu
Si Rara Mendut kanthi aran
Kang gawe Wiraguna kepincut-pincut

Kaya lintang ing awang-awang
Tansah setya ngare-arep katresnanane si mendhut
Nanging Rara Mendut ora nampa
Ora gelem dadi selire si tumenggung

Dhek semana Pranacitra teka nggawa tresna
Kanggo wong ayu kanthi aran Rara Mendut
Mendhut nampa katresnaane Pranacitra
Kanthi esem ayu
Kaya lintang ing awang-awang
Cahyane tansah mencorong semu
Sajak bungah ing ati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar