Minggu, 14 Desember 2014

RITUAL UNGGAH-UNGGAHAN DI PEKUNCEN, BANYUMAS

Deskripsi Ritual Unggah-Unggahan Bonokeling
Desa Pekuncen Kecamatan Jatilawang, Banyumas


                                

Bonokeling yaiku tiyang ingkang nyebaraken agama Islam ingkang taksih ngabungaken agama Islam kaliyan unsur kejawen ingkang wonten ing wonten ing Desa Pekuncen Kecamatan Jatilawang Banyumas.
Bonokeling yaiku salah satunggaling penyebar agama Islam ingkang diutus dening Sultan Demak kanggo nyiaraken agama Islam ing Banyumas wonten ing abad 15. Bonokeling saged nyiaraken agama Islam ing kathah panggonan ingkang dipanggoni, kaya dene ing Kecamatan Jatilawang (Desa Pekuncen), Karanglewas, Wangon, Rawalo lan Cilacap. Amarga anggenipun manggon ing panggonan menika mboten dangu, mula mboten kathah peninggalan ingkang saged diteliti. Ngantos dumugi seda Bonokeling manggon ing Desa Pekuncen. Mula ing Desa Pekuncen wonten makam Bonokeling. Dhateng masyarakat sekitar lan keturunanipun, Bonokeling nyiaraken akidah lan syariat Islam. Salah satungaling ajaran ingkang diajarken dening Bonokeling yaiku menawi tiyang Islam kedah puasa ing wulan puasa amargi wulan puasa nggadahi keistimewaan lan kedah dimuliakaken. Mula menawi badhe wulan puasa, Bonokeling ngempalaken sedaya keturunanipun kangge nyambut wulan puasa kanthi donga lan dzikir marang Allah SWT. Tata cara nyambut wulan puasa ingkang katindakake Bonokeling lan keturunanipun menika diterusaken dening keturunane ngantos saiki.
Situs Bonokeling kasusun saking salah satunggaling makam tuwa lan ugi bangunan-bangunan tuwa tradisional. Makam tuwa menika yaiku makamipun Bonokeling. Bangunan-bangunan tuwa menika taksih dipanggoni dening komunitas pengikut Bonokeling menika. Makam lan situs Bonokeling menika sampun wonten awit penyebaran Islam ing Banyumas. Ingkang saged dipuntingali saking tata upacara tradisional ingkang taksih ngagem donga-donga Islam.
Ing kompleks menika dibangun bangunan-bangunan tradisional klasik. Wonten omah dinas kangge pemimpin komunitas ingkang dipunwastani bedogol. Omah-omah ing mriku dipunwastani Balai Badung. Lan papan kangge pertemuan dipunwastani Balai Malang.  Wonten ugi bangunan kange panggonan memuji ingkang dipunwastani Pasemuan. Wonten 6 bangunan omah joglo. 1 omah kangge juru kunci lan 5 omah kangge bedogol. Bedogol yaiku pembantu juru kunci (pemimpin komunitas Bonokeling).

Prosesi ritual Unggah-unggahan


       
Penganut Bonokeling menika taksih nindakake ritual unggah-unggahan. Ritual Unggah-unggahan katindakake kanthi cara sowan marang makam ing wulan Ruwah kangge paring donga dhumateng leluhur kaliyan mbekta sesaji. Ritual unggah-unggahan dipunkatindakake saben pungkasaning dinten Jumat ing wulan Ruwah kangge nyambut wulan puasa.

Ing ritual unggah-unggahan, para penganut Bonokeling kedah ngagem klambi adat jawa. Kangge tiyang estri ngagem kemben kaliyan selendang putih menawi tiyang kakung kedah ngagem kain utawa sarung. Ingkang kedah dipuntindakaken yaiku menawi badhe tumut ritual unggah-unggahan menika kedah wudhu rumiyin.
        

Ingkang nindakake ritual unggah-unggahan menika mboten namung pengikut Bonokeling ingkang wonten ing Desa Pekuncen kemawon, nanging ugi katindakake dening tiyang ingkang saking panggonan sanes. Kaya dene tiyang ingkang saking Kecamatan Wangon, Kecamatan Rawalo lan ugi saking Kabupaten Cilacap. Sedaya tiyang ingkang badhe tindhak dhateng Pekuncen ingkang badhe tumut nindakake ritual unggah-unggahan menika kedah mlampah mboten ngagem sandal (alas kaki) kaliyan mbekta sedaya uba rampe. Anggenipun mlampah kedah teratur, sejajar lan kedah nindakake tapa bisu (tidak boleh bicara selama perjalanan). Prosesi menika dados ingkang utama wonten ing pensucian diri. Prosesi menika kangge pensucian diri. Tiyang kakung mlampah tumuju panggonan ritual menika kanthi mbekta hasil ternak lan hasil bumi menawi tiyang estri mbekta bakul isi beras, pangganan lan jajanan pasar. Sedaya uba rampe ingkang dipunbekta menika badhe dipunginakaken kangge bahan ingkang badhe dimasak wonten ing Pekuncen.
Saksampunipun dumugi wonten ing Pekuncen, sedaya ubarampe ingkang dipun bekta lajeng dipun paringaken dhateng tiyang ingkang asli Pekuncen. Sasampunipun adicara menika tiyang ingkang asalipun saking luar wilayah menika banjur tumuju marang Balai Agung kanggo istirahat.


Menawi sedaya sampun istirahat lajeng sedaya nindakake adicara “Nedu”.  Nedu menika dzikir kangge muji dumateng gusti Allah. Anggenipun nindhakaken adicara menika wonten ing balai pasemuan tabuh 02:00 dumugi 05:00 enjing. Sasampunipun adicara dzikir lajeng sedaya tiyang asli Pekuncen padha masak sareng-sareng, tiyang estri masak sekul kaliyan lawuh lan tiyang jaler masak becek (gule wedus). Sedaya panganan menika dipun damel kangge kenduren (slametan).
Nalika sedaya tiyang asli Pekuncen saweg masak, tiyang ingkang saking luar wilayah nindhakaken prosesi unggah-unggahan. Sedaya tiyang mlebet dateng makam Bonokeling satunggal-satunggal, sasampununipun mlebet gerbang kapisan sedaya lajeng antri wudlu. Menawi sampun suci sedaya saged nindakaken ziarah wonten makan bonokeling, nalika ziarah wonten ugi tiyang ingkang mbakar menyan kaliyan nyekar. Sasampunipun ziarah lajeng katindhakake adicara kenduren (slametan), adicara menika dipun pimpin dening juru kunci. Kenduran menika adicara pungkasan ing adicara unggah-unggahan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar