Minggu, 14 Desember 2014

Balada Keong Emas



BALADHA KEONG MAS

Sumurut kuning mencerong ka sirep banyu,
Narik kawigaten mbok rondo kang mlaku
Nemu keong kang sui-sui  kasawang ayu

Duh panguwasaning daha Raja kertamarta
Anduweni kembang kang arupa 
Candra kirana  kang ajiwa kembang melati ,arupa wulan purnama
Resik putih milining ning ati, mencerong kanthi jabaning  pasurya 
Nadyan lair saka biyung siji
Nanging Dewi galuh kaya kembang kang due eri
Iri marang adhi
Mili ing pikiran nglarung adhi siji

Iki ceritane keong emas
Tempayak lusuh kang nemu ing iringan umah
Kajupuk kanggo wadah keong kang warna emas
Nadyan lusuh namung mung kui bandha randa kang wis sepuh

Sak durung srengngenge ngintip
Sikil kang kulite saya kisut
Mlaku anggawe tapak ning duwure pasir
Nyedak banyu   munggah prau

Iki ceritane keong emas
Yen mbok randa lagi golet panguripan
Si keong malih manungsa  ,nandhangi pagawean
Yen wayah srengenge uwis ning duwur ndas
 Si keong mbalik menyang tempayak
Duh Gusthi pangan wis cumawis ning ngisor tudung saji
Umah kang reged dadi resik kasawang
Sapa kang wis tumindhak
Nandangi pagaweyan iki
Kabeh wis  kok temandhang


Kaya wulan kelangan lintang
Raden inu kertapati kaya wong ilang
Pepujaning ati candra kirana lunga ninggalake bayangan
Nadyan dewi galuh gelem nggantini nanging inu kertapati ora gampang pindah panyawangan
Kembang siji sing wus urip ana ing ati
Ana ngendhi awakmu saiki
Kudu lumaku ning endi sikil iki
Kanggo ngterpke ati kang mbyen wus dumadhi
Manuk gagak ireng kapapag ana ing ladan
Iki sekti manuk kang iso ngomong kanggo arep-arepan
Jebul ngewei dalan kang ora bener
Awak kisut njagong ning pinggir dalan jaluk patulungan
Cah bagus aku ngelih ngger
Ki iki pangan sanguku ,panganen ki
Aku ngerti apa sing koe goleki
Ora krasa lumakumu disasarke manuk kui
Saiki lungane ana desa dadapan
Ana kana kowe bakal nemu apa sing wus dadi pandheng
Mbok randa dadapan nduweni pikiran
Sapa kang wus gawe tumindhak kang dadi pikiran
Kaya dina biasa sak durunge sumurut abang ing bang wetan
Sikil kisut mlaku golek panguripan
Nanging dina iki sikilku namung metu saka lawang ben ninggalake bayangan
Ngintik saka bolongan
Putri ayu metu saka tempayak kang wus dadi hiasan
Keong dadi manungsan ?
Ngimpi apa tenanan ?
Duh Gusti keong apa kui ?
Putri ayu kang lagi gawe geni
Njundal weruh mbok randa ing mburi
Gedandapan ,mbok randa mbanting tempayak umahe kui
            “ cah ayu sapa kowe ?awujud keong malih dadi maungsa “
            “ aku candra kirana saka daha “
Kaya derese udan metu saka klopak mata kembang iki
Ora nyana mbkayu kang wis kaya ati
Duwe pikiran mbuang adhi siji namung amarga iri
            “ kabeh ana balesane cah ayu ,urip bareng aku umah iki wis dadai umahmu “
Duh Gusti yen pungkasi iki

Iki ceritane keong emas
Lumaku ku anggawa katresnan
Ngliwati alas-alas
Teka golek lintang kang biasa njangkepi wulan
Kaya kembang kesiram banyu
Inu kertapati weruh pepujaning ati
 Soyo cedak jangkah lumaku
Soyo genah sapa sing ditemoni
Iki aku inu kertapati
Lintang kang suwe ninggal aken wulan
Ana kene kowe iki
Umpetan namung ninggalke bayangan
Duh gusti iki wus gutul pungkasane
Mantra iki ilang yen aku ditemokake pangupajiwa
Matur suwun Gusti iki ora lumaku suwe

Iki ceritane keong emas
Kang salah bakal  tetep kalah
Namung gari ngenteni lumakune wektu kang pas
Kang bener aja nganti sayah
Putih bakal ketok nadyan kudu ngenteni ireng luntur
                                                                                                           Dene : Rose ayulivia putri

Tidak ada komentar:

Posting Komentar