Kamis, 08 Januari 2015

Balada Geguritan Cerita Rakyat Baturraden

Balada Dukane Raden (Baturraden)
Dening: Hanatiya Martiyana


Wis kok cipta anane uripku saiki
Kaya godhong-godhong garing
Kang semrawut sedawane dalan iki
Kaya kandhamu marang angin wengi
Sang saya krasa atis sakjeroning ati
Atiku iki kaya petenging langit wengi
            Kang katingal dening lintang
            Kaya mendhunge langit nalika udan riwis-riwis
            Semrasat perih ing njeroning dada
Duh gusti…
Apa jalaranmu jupuk Batur saka donya iki?
Apa jalaranmu jupuk Batur sing dak tresnani
Apa jalaranmu gusti?
            Tangisku kaya udan sing nyiram jagad
            Buyar seketika, nalika aku ngerti kabar duka
            Panasing srengenge semrasat krasa sajroning dada
            Kang gawe kabur kabeh pangrasa
Aku ora bisa narima titahmu
Nalika ngerti yen Batur sing dak tresnani
Wis jumangkah lunga saka uripku

Kaya raga kang katinggal sukma, uripku saiki

Tidak ada komentar:

Posting Komentar