Minggu, 07 Desember 2014

SINOPSIS CERITA

Sinopsis Cerita Arjuna Kembar

ARJUNA KEMBAR

Ing sawijining ndalu Raden Arjuna utawa Raden Janaka kesah ninggalake Ksatria Madukara. Boten wonten setunggal tiyang ingkang ngertos yen Raden Arjuna sampun kesah. Para dewa, Prabu kresna, Raja Dwarawati ugi boten ngertos. Nalika raden arjuna kesah, para garbinipun isih sare. Lan nalika sampun wungu, para garbinipun kaget sanget. Geneya raden arjuna sampun boten wonten ing singgasananipun. Nanging para punakawan ingkang sanget setya marang raden arjuna isih wonten ing mriku. Sampun dipadosi marang sedaya panggonan ingkang wonten ing kraton, nangin boten wonten. Lan pada kaget sanget menawi ninggali keris lan panahipun raden arjuna ugi boten wonten.
            Sedaya tiyang ingkang wonten kraton susah atine jalaran raden arjuna kesah tanpa pamit lan boten wonten setunggal tiyang ingkang ngertos kahananipun. Para patih lan mantri banjur pada nyiapaken prajurit kanggo njaga kraton mbok menawi wonten bahaya.
Larasati banjur diutus supados kesah dhateng Dwarati, supados  paring pawarta dening prabu kresna. prabu kresna lan putranipun yaiku samba banjur siap-siap badhe tindak dhateng Madukara. Ing Madukara ugi wonten Werkudara lan gatotkaca ingkang badhe madosi raden arjuna. Gatotkaca tindak dhateng panggonanipun resi anoman supados nyuwun petunjuk. Nanging gatotkaca boten angsal petunjuk. Gatot kaca angsal dawuh saking resi anoman supados tapa wonten ing gunung Agnyana. Semana ugi werkudara tindak dhateng resi abiyasa. Nanging werkudara ugi boten angsal petunjuk lan werkudara didawuhi supados tapa ing gunung Danara.
Perjalanan arjuna sampun dugi ing gunung lawu. Arjuna madosi sumber bengawan nanging boten saged dipadosi amarga bengawan niku gadhah 7 saluran.
Wonten pendeta ingkang sampun sae tapanipun inggih menika Begawan kanwa lan gadhah pertapan yaiku yasarata.  Begawan kanwa gadhah putri ingkang sae rupanipun. Lan sae ugi solah bawane. Asmanipun Endang ulupi.
Ing sawijining ndalu nalika sang putri sare, sang putri angasal impen. Ing mimpine sang putri kepanggih kaliyan sang dewa ingkang bagus rupane. Dewa iku inggih menika Hyang Asmara, ingkang menehi keris marang sang putri. Keris iku banjur malik dados ksatria ingkang bagus rupane. Ksatria iku asmanipun raden pamadi, penengah pandawa.
Sesuke putri mau banjur cerita sedaya kedadeyan ing impine marang resi kanwa. Sang resi banjur mabur marang angkasa, saking angkasa sang resi banjur madosi ksatria ingkang wonten ing impine putrine. Wonten ing gunung lawu sang resi kepanggih kaliyan arjuna. Banjur arjuna dibekta marang pertapane sang resi mau. Ing pertapan sang resi matur marang arjuna, geneya arjuna iku ksatria ingkang wonten ing impene sang putri. Banjur arjuna ditemukake kaliyan sang putri (Endang Ulupi). Resi kanwa nyuwun marang arjuna, supados arjuna dados garwanipun Endang Ulupi. Arjuna banjur purun, lan banjur dinikahaken kaliyan endang ulupi. Sawise 7 dina arjuna wonten ing pertapan, arjuna banjur pamit badhe madosi sumber bengawan lan arjuna banjur tapa wonten ing gunung banjarmelati.
           
Raden buriswara, putra raden mandraka sampun ngertos geneya arjuna sampun ical saking ksatria madukara. Buriswara ngadep prabu suyudana, nyuwun supados dijodohaken kaliyan wara subrada amarga buriswara tresna marang wara subrada. Menawi boten dijodohaken, buriswara ngancem badhe seda mawon. Banjur prabu suyudana ndawuh dhateng adipati karna supados ndugiaken serat lamaran tumuju Dwarawati. Adipati karna tindak tumuju Dwarati kaliyan para prajurit. Menawi prabu kresna boten nampa lamaranipun ing mriku bakal wonten perang mula adipati karna bekta rombongan prajurit.
            Ing tengah alas nalika Semar, Gareng, Petruk lan Bagong saweg madosi raden arjuna, punakawan kepanggih kaliyan Hyang Asmara. Nanging punakawan ngira yen iku raden arjuna, mangka iku sejatosipun hyang asmara.
            Larasati angsal dawuh saking wara subrada supados larasati madosi arjuna. Larasati banjur tindak madosi arjuna. Ing perjalanane, larasati mriksani wonten pemandangan ingkang sae sanget lan ing puncak gunung wonten cahaya. Larasati banjur ninggali cahaya iku. Nalika sampun dugi ing puncak, wonten tiyang ingkang saweg tapa. Tiyangipun saweg gerah. Gerah gatel, kudis ingkang sampun parah. Larasati banjur nyuwun petunjuk dhateng tiyang niku, nanging wonten syaratipun. Larasati banjur kondur menyang Dwarawati. Lan nyeritakake sedaya kedadeyan wau marang wara subrada.
            Adipati karna sampun dugi ing Dwarawati lan banjur ngaturaken serat lamaran dhateng prabu kresna. Boten disangka wonten ksatria ingkang rawuh ingkang memper kaliyan arjuna. Nanging tindak tanduke boten kaya adate arjuna. Tindak tanduke benten kaliyan arjuna. Ing mriku banjur dadosaken keributan. Arjuna banjur dilebokake ing penjara. Prabu Kresna banjur nyuwun tulung marang prabu baladewa. Amarga boten saged ngalahake kembaran arjuna wau.
Baladewa banjur dhateng marang Dwarawati.  Baladewa banjur ngelawan arjuna, ing mriku perang kedadosan kanti boten saged dirampingi. Lan akhire Baladewa kalah.
            Larasati di dawuhi dening wara subrada supados nemoni cekel indralaya. Banjur dibekta marang kraton. Ing mriku kepanggih kaliyan wara subrada. Wara subrada nyuwun petunjuk marang cekel indralaya. Wara subrada susah atine menawa mriksani kahanane cekel indralaya ingkang gerah kudis niku.
            Wara Subrada banjur badhe nulungi cekel indralaya supados saged mantun saking gerahipun. Cekel indralaya banjur dirumat dening wara subrada kala semana. Amarga inggih wara subrada ingkang saged nulungi cekel indralaya. Sesampunipun sedaya tahap pengobatan dilakoni, cekel indralaya banjur saged mantun.
            Prabu kresna banjur ndawuhi marang cekel indralaya supados perang ngelawan samarane arjuna. Sedaya tiyang ingkang wonten ing mriku kaget sanget, geneya tiyang kekalih iku sami rupane boten wonten sing benten. Banjur kedadosen perang ingkang hebat.
            Sejatosipun cekel indralaya menika raden arjuna ingkang asli, lan sing memper kaliyan arjuna niku inggih menika bhatara asmara. Lan ing akhire arjuna menang lan bhatara asmara kalah.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar